Cerito

Minggu, 27 Juni 2010

Uang koin paling GEDE sak dunyo

 
Koin paling gede sak dunyo iki payu nang pelelangan dek Vienna
sing nuku wong Spanyol, regane mek 3,27 juta euro, mbuh kuwi piro dadi rupiah e
males ngitung kakean angkane , bingung kalkulator e mbah ...

wong Spanyol iki euuuediiaan tenan , digawe opo kuwi koin e,
opo digawe numpak angkot ngee ?



Sejarah ne koin iki tau mecahno rekor dunia gunes bok, digawe nang kanada
tahun 2007, digawe pamer lek kanada kuwi negoro sing duwe kemampuan
nggawe barang 2 emas lan wesi sing uapik-uapik
koin iki mek ono 5 nang ndunyo, berat e sak kwintal alias 100 kg
nilai e sak koin sak juta dolar canada, diameter e 53 cm , tebel 3 cm
kabeh e emas murni

ngkok ngenteni rioyo an , putuku tak kek i koin sitok-sitok
tapi yoo sing cilik wae yoo , limang atus an gegegeggekakakaka
opo njaluk sam soe ne mbah ae yooo
 

Jumat, 18 Juni 2010

Ayam Jago Bakar MBahCOt saus ala Prancis gegegkakak

Geegegegege KAKAKAkakaak
wahh wiki wenak tenan, ayam jago bakar egegegeg kakaka, sing masak yoo mister domenech kuwi,
racik an e mantab pokok e , langsung iso digowo mulih gawe oleh-oleh, ayam jogo e dadi keok tenan wiiis

sek-sek tak nyruput sam soe, sruut kretek kritek kretik...

iki gambare ayam jago, soal e maskot e tim e prancis yoo pitik jago utowo ayam jago kuwi, ceritane wingi kuwi kalah karo tim meksiko... 2:0, maen e ngga karu karu an wis wis dasar e tim pitik yoo ngene kuwi ..



Kiii pelatih ee sing nok gambar duwur kuwi mister domenech, wong e nyeleneh pisan, laa wis jaman wis molak malek ngene yoo ijik percoyo karo dukun astrology gegeggeekakaka, dadi lek ramalan astrologi ne pemain e elek ngga oleh mudun nang nggone lapangan ggeggegeekakak




sruut kretek kritek kretik...

Laa  negoro prancis kie lolos e yoo ngaa jelas pisan, sak jan e pemaen e uapik uapik , tapi yoo ngunu kuwi lek maen ang lapangan dadi siji kok yoo ngga karu karuan, podo kate gelud kabeh sak boloan,untung  umpan gol e cak henri kuwi nggawe tangan wee, wasit e yoo ora ndelog
walah walah..., bejoo tenan lolos e ..nang piolo dunyo 2010 kie

Yoo pokok e domenech kuwi ngga usah ngelatih wis , dadi o koki ae mister , dodolan ayam jago bakar , GEGEEKAKKAKAK, dadi pertandingan terakhir wis ngga usah nggawe pelatih ae , maen dewe-dewe ae ..
lek mbah e yoo nyruput sam soe ae ayeeeem tenan gegegegeg

Selasa, 15 Juni 2010

Baut Suramadu

nyumet sam soe  , sreet cetaas kretek kritek kretik...


weehh
Iki wong yooo uuueediiaaan tenan, moso kuwi baut e suramadu yoo dijupuk, laaa prasane kuwi baut sing masang mbah e opo, mbah e sopo cobak?,
mbah wek, mbah jum , mbah to , mbah tek

sing pasti mbah cot yo gak melu-melu masang baut e, lek kuwi pancen putuku, iso tak kaploki nggawe pager, Pulisi e yoo ngamuk tenan iki .., sak iki wis dijogo ketat, kelakuan e cah iki pancen gatel tenan kok
bangsat, yoo opo wong tuwo mu kuwi nggajari ngono wiku, ngsin-ngisin i

sruut kretek kritek kretik...

Iki cerito lucu tenan , yoo masio wong soro yoo nngga oleh koyo ngunu, kudu usaha sing halal
Jembatan iki sing masang separuhan , separuh e wong kene , wong indonesa, lah separuh e maneh wong cino, kerjasama lan gotong royong ngunu loo, laaa mbah iki tau diomongi lek jembatan sing separuh kuwi baut e wis dilas, lek pemborong e tekok indo wis ngerti bakal kedaden , laa separuh e jembatan kuwi sing masang wong cino yoo ngga nyongko lek baut kate dikrikit i tekus Geee KAKAKa GeeGEE
dadi baut yo mek dipasang tok, gak ngerti e yoo dijupuk cah kuwi ....

sruut kretek kritek kretik...

Duwit elek oleh ne tekok maling barang e wong akeh,  ngene yoo ngga iso awet malah nggarakno apes, laa yoo kapok sampeyan ketemon pulisi
Tapi iki mbah e pesen karo pak pulisi , ati-ati tenan lek dek penjara , laa wedi e ngkok wesi e krangkengan e penjara iso ilang kuuaabeh Geee KAKAKa GeeGEE

Kamis, 10 Juni 2010

Jalan Tikus Blitar

Iki pas mbah e diundang kondangan nang blitar , mbah e nemu dalan tikus sing uapik pool , dalan e lewat e dek banyu , dadi ban e motor kuwi wis ngidek i banyu , yen sebelah kiri kuwi koyo kolam , laa sebelah kanan e jurang , huehuehueehue....

Dalan sebelah kiri sing ono kolam e kuwi ono wong golek iwak, ono ibu-ibu sing adus Geee KAKAKa GeeGEE mripat e mbah ki lek sing ngono-ngono pancen sek awas e   , lak yoo lucu tah rek dalan iki.
Laah piye la lek iku montor e kepleset yoo jongnor tenan lak an mlebu jurang sing pinggir kanan Geee KAKAKkaka, untung e yoo slamet mawon , lek ngga ngono yo dadi genjroooot lak an ...

sek-sek tak nyruput sam soe sek , kretek kritek kretik...

Laaa marine dalan mau kuwi nrabas sawah sawah lan kebonan tebu, nemu ne pemandangan top, walah uapik tenan pokok  e , mben-mben awak mu tak jak merene poto-poto an karo mbah yoo?


sruut kretek kritek kretik...

weeh mbah ne yoo ngga lali , lek critone wong astronot kuwi tancep gendero amerika nang bulan , llaaa lek mbah yoo gak kurang akall nak , tak uyuh i ae piggiran e dalan... Geee KAKAKa GeeGEE koyo asu ae

wis wis pokok e Indonesia iki wis paling top , laa iki jek mblitar gurung liyane , lek jarene uwong-uwong kuwi  Bali iku sing paling apik sak dunyo, yoo mesti ae cak laa iki injeh uapik pik pik nang blitar eee..

Rabu, 09 Juni 2010

Ariel-ariel lapo wae nyuncup kok digawe pilem pisan

Walah-walah jaman e dunyo wis kate pecah, laa bocah kok malah nggawe pilem sing ora bener. lek didelok putuku lak dadi arek cilik kuwi mikir sing gak karu-karuan.
Walah gatel-gatel laa musuh e kuwi yoo ayu-ayu tenan wae , nak Ariel mbok yoo ojo dipilem , digawe dewe wae cah , mbak luna karo cucut tari kuwi pancet siip tenan, mbah e ae yoo sampe jantung e kate pedot lek ndelok pilem e kuwi, njedug njedug ngene cah

Laa iki pancen awakne sampeyan tah, sakne awakmu cah , mangkane ojo nggawe sing ora-ora, iling o sing Kuoso yoo ngga merem cah , ndang njaluk sepuro nang bapak karo ibu, ngisin-ngisin i

Wong lanang kuwi kudu duwe kebijaksanaan, ojo nggawe isin keluargane, opomaneh iki keluargane cah cah ayu kuwi
Ndang mbalik nang dalanmu , lek ngga pentungmu tak plindes nggawe buldoser GEEEE KAKAKKA GEEEGEGEE