Iki pas mbah e diundang kondangan nang blitar , mbah e nemu dalan tikus sing uapik pool , dalan e lewat e dek banyu , dadi ban e motor kuwi wis ngidek i banyu , yen sebelah kiri kuwi koyo kolam , laa sebelah kanan e jurang , huehuehueehue....
Dalan sebelah kiri sing ono kolam e kuwi ono wong golek iwak, ono ibu-ibu sing adus Geee KAKAKa GeeGEE mripat e mbah ki lek sing ngono-ngono pancen sek awas e , lak yoo lucu tah rek dalan iki.
Laah piye la lek iku montor e kepleset yoo jongnor tenan lak an mlebu jurang sing pinggir kanan Geee KAKAKkaka, untung e yoo slamet mawon , lek ngga ngono yo dadi genjroooot lak an ...
sek-sek tak nyruput sam soe sek , kretek kritek kretik...
Laaa marine dalan mau kuwi nrabas sawah sawah lan kebonan tebu, nemu ne pemandangan top, walah uapik tenan pokok e , mben-mben awak mu tak jak merene poto-poto an karo mbah yoo?
sruut kretek kritek kretik...
weeh mbah ne yoo ngga lali , lek critone wong astronot kuwi tancep gendero amerika nang bulan , llaaa lek mbah yoo gak kurang akall nak , tak uyuh i ae piggiran e dalan... Geee KAKAKa GeeGEE koyo asu ae
wis wis pokok e Indonesia iki wis paling top , laa iki jek mblitar gurung liyane , lek jarene uwong-uwong kuwi Bali iku sing paling apik sak dunyo, yoo mesti ae cak laa iki injeh uapik pik pik nang blitar eee..


Tidak ada komentar:
Posting Komentar