Cerito

Minggu, 27 Juni 2010

Uang koin paling GEDE sak dunyo

 
Koin paling gede sak dunyo iki payu nang pelelangan dek Vienna
sing nuku wong Spanyol, regane mek 3,27 juta euro, mbuh kuwi piro dadi rupiah e
males ngitung kakean angkane , bingung kalkulator e mbah ...

wong Spanyol iki euuuediiaan tenan , digawe opo kuwi koin e,
opo digawe numpak angkot ngee ?



Sejarah ne koin iki tau mecahno rekor dunia gunes bok, digawe nang kanada
tahun 2007, digawe pamer lek kanada kuwi negoro sing duwe kemampuan
nggawe barang 2 emas lan wesi sing uapik-uapik
koin iki mek ono 5 nang ndunyo, berat e sak kwintal alias 100 kg
nilai e sak koin sak juta dolar canada, diameter e 53 cm , tebel 3 cm
kabeh e emas murni

ngkok ngenteni rioyo an , putuku tak kek i koin sitok-sitok
tapi yoo sing cilik wae yoo , limang atus an gegegeggekakakaka
opo njaluk sam soe ne mbah ae yooo
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar